“Mudah-mudahan dosane wong lanang kita diampuni ning Gusti Allah,” omong Nyi Tarkunah bari deleng lakine sibuk mangguli beras.
“Loh.. emange Mama akeh dosae ya, Mi?” jare si Cenang.
“Ya iya Nang, Mama nira kedul, bli sok menggawe luruh duwit. Untung bae Mimi bisa luruh duwit dewek beburuh wewasuh lan nyetrika, Baka Mimi beli bisa menggawe mah, sira karo si Bontot bli bisa buka puasa lan mangan sahur, Nang!”
“Klambi anyar kanggo lebarane kita olih dipaih Mama, Artine Mama tanggung jawab bisa nokokaken klambi kanggo anake Mi.” si Bontot melu ngomong bari dengdengaken klambi anyar.
“Iya bener klambi dipaih Mama nira, tapi Mama nira tuku klambi kuh duwite olih njaluk sing Mimi.!!” jare Nyi Tarkunah.
*Tulisan : Nyi Tarkunah*