17.4.18

NASIBE BADAN

Wayah soré, Nok Darmini lagi dodok ning arep umah, pikirané kumalayang kélingan baé karo Kang Thoyib. Sing lawas tilawas Jakartanan, bli balik-balik.

“Senok, nglamun baé mikiri apa jé?” Mimi Sarti tanggané takon.

“Éh.. Mimi, anu Mi, Kang Thoyib. Jangjiné mangkat kerja. Nglamar dadi supir trek gandengan . Wis pitung wulan langka kabaré.”

“Aiiih.. senok durung weruh tah!? “

“Maksud Mimi apa jé?”

“Jaré bapané bocah, Thoyib ku tau ketangguan wis duwe rabi maning karo wong Dermayu.”

“Sing bener, Mi?”

“Sung Nok, Mimi ora bobad. Baka bli percaya, ayu senok takon déwék mana.”

Kaya ngrungu guntur tengaheng awan. Kagét lan bli percaya. Ati Nok Darmini ketuwon. Rasané kaya diantup tawon. Sirahé ngeluk, ngusap weteng sing wis manjing bulanné. “Duh.. jabang! Mengkénén temen nasib kita,” bli krasa banyu luh tumétés ning juru matané.

*Tulisan : Dudun Nugraha*
Posted on by Indramayu Top in